Lasirin
Dhagelan Kethoprak
Lasirin duwe rupa sing ngguyokake
marakake uwong nguyu kepingkel pingel. Misale dheweke munggah panggung tanpa
lorengan penonton wis mesti rabkal mandhek ngguyu. Lasirin ora nate keri melu
munggah panggung ndhagel kethoprak. Anggone nembang mesti nganggo joget sing
pethakilan ngayelake.
Lasirin : “Eeeee….. karepe
dhewe. Sing ditanggap iki ora mung dhagelan thok lho lur, nanging kethoprak komplit. Nek pengin
nanggap khusus dhagelan Lasirin ya sesuk wae. Nanging ya kudu mbayar dhewe lho gus, yu, le, nang, he he he he he…. “
Penonton : “Nonton kethoprak
Mangun Budaya nek gak ana Lasirin padha karo ora! Mulih mulih!”
Ing wektu akhir akhir iki nyet lasirin
kerep ora melu manggung. Amarga dheweke uwes kesel tenan, kesel ragane, kesel
pikirane, lan uga kesel jiwane. Dheweke uga wis umur seketan munggah. Karo
meneh dee uga ora duwe bojo, dadine arep direwangi pethakilan, arep dingo
sapa?!
Nanging rombongan kethoprake ora isoh
maju tanpo Lasirin.
Pak Bandi (ketua rombongan) : “Apa Pakdhe Lasirin
kudu tak peksa munggah panggung maneh ya? Ah!
Sajake nglengkara. Njur kepriye caraku kanggo mbalekake nyawane Mangun Budaya? Wis tak
jajal golek gantine Pakdhe Lasirin
kanggo dhapukan dhagelan, si Marno Singkek kuwi, nyatane
ora kepangan dening para penanggap lan pandhemen. Dhuh Gusti,
dalem nyuwun kali damar Gusti…… mesakaken lare- lare
sami kecalan sandhang patedhanipun, Gusti…”
Pak Bandi banjur marani Lasirin ing
omahe.
Pak Bandi : “Sampeyan apa gak
mesakake marang kanca-kanca ta, Pak Dhe? Yen ora ana sing nanggap, anak bojone njur dha dipakani
apa coba! Kamangka yen arep padha nyambut gawe liyane ngethoprak, sajake
wis padha lali carane. Macul wis dha wegah, mbakul gak dha gableg modhal.
Yen pengin dadi pegawe, njur kantor ngendi sing gelem nampa wong mbambungan kaya
kanca-kancane dhewe iki? Mula ya, Pak Dhe, aku welasana. Wis ta, sampeyan
njaluk apa lan bayaran pira anggere gelem
bali
manggung maneh!”
Lasirin : “Sampeyan… rak
ngerti dhewe ta, Lik, awakku… wis gapuk kaya ngene…. Apa ya … isih kuwawa… mbadhut?” Wangsulane Lasirin karo
menggeh menggeh
Pak Bandi : “Bisa!
Aku yakin sampeyan bisa ngayahi kaya wingi uni. Sampeyan nyimpen kabisan sing ngedab-edabi ing babagan
gecul-geculan. Marno Singkek, Nardi Meler, apa dene Jaeman Klithik gak paja-paja yen
ditandhing karo sampeyan. Tenan iki, Pak
Dhe! Dene bab penyakite sampeyan
mengko bakal tak tambakake nyang dokter nganti saras. Piye Pak Dhe?” pandheseke
Pak Bandi.
Lasirin : “Ya
wis….. nek pancen…. aku isih dibutuhake kanca-kanca…. lan uga…. para warga kabeh…. mengko tak
cobane…..ning ana sarate….”, wangsulane Lasirin sawise nimbang- nimbang sawetara.
Pak Bandi : “Sarate
apa, Pak Dhe?” panyaute Pak Bandi karo wiwit katon padhang raine.
Lasirin : “Pisan….
aku gelem bali manggung…. yen wis waras…. lan ora nggigil maneh…. Dene npanggonane sing nanggap…ya mung kuwi
sarate….”.
Pak Bandi : “Beres,
Pak Dhe! Tak sanggupi. Wis saiki sampeyan ndang salin klambi. Ayo saiki uga tak
gawa nyang dokteran!”
Sawise digowo ing
dokteran dening Pak Bandi. Lasirin bali manggun karo rombongan. Laris manis
Lasirin. Nanging pak bandhi kawatir karo kondisi kesehatane Lasirin. Ngepasi dina 17 Agustus Lasirin sengaja ora
dijawil. Penonton kecewa, banjur Lasirin diceluk .
Lasirin :
“Merdekaaaa…. Merdekaaaa…. Merdekaaa…!”
Penonton : “
Hidup Lasiriiin… Hidup Lasirin… Hadup Lasiiriiin..!”
Pak Bandhi lan Damin
wiwit kuwatir awit polahe Lasirin, wedi yen ana apa-apa marang kesehatane
Lasirin.
Lan .. meh kabeh
pada njerit nalika lasirin nggeblak ing panggung. Tibatiba mlumah ora obah. Apa
ya dheweke wenang sinebut minangka sawijining pahlawan? Sing cetha dheweke ora
bakal dikubur ing Taman Makam Pahlawan ngendi wae. Banjur nganti ganep pirang
ndina jenenge Lasirin bakal dieling-eling dening para warga? Kabeh ora
padha ngerti, kajaba amung Gusti Kang Maha Suci
Kapethik saka : “Panjebar Semangat” Edisi No. 06 tanggal 8 Pebruari
2003
Salsabila Kamila Wardah (05/IXC)
Zulva Sasti Alysa (08/IXC)
0 komentar:
Posting Komentar